Tuesday, February 07, 2006

Jawa Timuran

Sakjane rencanane dhek mau bengi aku katene golek sego goreng gae mangan bengi. Langganan se ndek daerah Pancoran, ndek halte MBAU tah opo ngono lek gak salah jenenge haltene. Ee jarene bojoku kuwatir lek macet, dadine nyusuri daerah Saharjo, sak durunge lampu bangjo Pancoran. Pas alon-alon ngono, onok tulisan "Tahu Campur" OJO LALI, Lamongan. Bojoku ngejak nakam iku ae, mergakno sampek ngimpi-ngimpi pengen mangan Tahu Tek. Yo wis, batinku, wong Jawa Timur di pangani panganan Jawa Timuran, yo mesti ae (o)gak nolak.
Sakjane lek ndek Bekasi, aku tau nyoba iku lek Tahu Tek ndek sebrange Hotel Horison. Rasane yo lumayan. Lha dhek mau bengi iku akhire yo nyoba Tahu Tek + Ndog dadar. Ndek menune ditulise se Tahu Telor, mergakne lek Tahu Tek iku gak nggae ndog. Lek ndek Bekasi mau, di tulise Tahu Tek, wis langsung otomatis entuk ndog dadar.

Bareng tak rasak-rasakne kok enak yo, prasaku koyok mangan ndek Malang ae. Cumak lonthonge kurang empuk, lek ndek Malang lak prasaku empuk ngono ta..

Golek panganan khas Jawa Timuran ndek Jakarta iku pancene gampang-gampang angel. Lek urusan Tahu Tek utowo Tahu Campur (Tahu Campur iku lonthong di wenehi sayuran mbek kuah daging ngono yo, masalahe macem-macem wong nyebute masiyo podho-podho Jawa Timur-e, lek ndek daerah asalku, Tahu Campur iku Tahu Tek iku) yo sakngertiku onok loro iku, lek bengi. Sing siji ndek daerah Pancoran mau, dadi lek soko Pancoran kanan jalan, mesti muter dhisik, onok tendo-tendo daerah permanganan sing ndek Pancoran. Macem-macem se, onok panganan laut, sego goreng sampe panganan Jepun. Sing sijine, lek pas ndek daerah Bekasi, ndek sebrange Hotel Horison. Dadine neng dalan Kalimalange, pas sakdurunge Hero. Yo soko Lamongan, tapi aku gak sempet nyathet jenenge. Lek ndek Pancoran iku menune macem-macem, onok Tahu Campur, Tahu Tek, Tahu Telor, terus onok maneh rujak cingur. Regane bervariasi antarane 4000 sampe 6000. Sing ndek Bekasi gak onok rujak cingure, regane podho.

Lek awan, biasae golek nakam Jawa Timuran langganan iku yo ndek daerah Jalan Wahid Hasyim sing ke arah Cikini. Onok ndek kiri dalan (lek soko Jalan Sabang) iku jenenge SURABAYA ngono lek gak salah. Pas ngarepe Hotel Paragon. Lha lek ndek kono rodok larang thithik regane, tapi rasane terkenal meh podho mbek asline, terutama rujak cingure.

Sing ojok sampe lali lek ngomongne panganan JawaTimuran yo mesti ae Pecel. Lek Pecel sing prasaku rasane mirip mbek asline iku Pecel ndek daerah Kalibata. Pas ndek enggok-enggokan nang arah Kalibata lek soko Pancoran, iku onok daerah permanganan ngono. Lha neng pojok paling ujung, iku onok Pecel Madiun. Terus ngombene es beras kencur. Lek roso yo meh podho mbek pecel Madiun. Masalahe pecel dhewe iku ndek Jawa Timur lak muacem-macem-a rasane, prasaku tiap daerah bedo-bedo..

Sakmono ae dhisik, mugo-mugo onok manfaate kanggo sing arep kangen-kangenan karo panganan Jawa Timuran. Liyo wektu tak sambung maneh lek ketemu onok panganan Jawa Timuran. O iyo, lek prakanca podo duwe langganan panganan Jawa Timuran, yo monggo lho dibagi, sopo ngerti iso dadi langganan anyar. Matur suwun.

1 Comments:

Blogger Yusuf Arief Rahmanto said...

halo.. halo.. masih ada orang? :)

http://orisinil.com

3:35 PM  

Post a Comment

<< Home