Tuesday, February 07, 2006

Jawa Timuran

Sakjane rencanane dhek mau bengi aku katene golek sego goreng gae mangan bengi. Langganan se ndek daerah Pancoran, ndek halte MBAU tah opo ngono lek gak salah jenenge haltene. Ee jarene bojoku kuwatir lek macet, dadine nyusuri daerah Saharjo, sak durunge lampu bangjo Pancoran. Pas alon-alon ngono, onok tulisan "Tahu Campur" OJO LALI, Lamongan. Bojoku ngejak nakam iku ae, mergakno sampek ngimpi-ngimpi pengen mangan Tahu Tek. Yo wis, batinku, wong Jawa Timur di pangani panganan Jawa Timuran, yo mesti ae (o)gak nolak.
Sakjane lek ndek Bekasi, aku tau nyoba iku lek Tahu Tek ndek sebrange Hotel Horison. Rasane yo lumayan. Lha dhek mau bengi iku akhire yo nyoba Tahu Tek + Ndog dadar. Ndek menune ditulise se Tahu Telor, mergakne lek Tahu Tek iku gak nggae ndog. Lek ndek Bekasi mau, di tulise Tahu Tek, wis langsung otomatis entuk ndog dadar.

Bareng tak rasak-rasakne kok enak yo, prasaku koyok mangan ndek Malang ae. Cumak lonthonge kurang empuk, lek ndek Malang lak prasaku empuk ngono ta..

Golek panganan khas Jawa Timuran ndek Jakarta iku pancene gampang-gampang angel. Lek urusan Tahu Tek utowo Tahu Campur (Tahu Campur iku lonthong di wenehi sayuran mbek kuah daging ngono yo, masalahe macem-macem wong nyebute masiyo podho-podho Jawa Timur-e, lek ndek daerah asalku, Tahu Campur iku Tahu Tek iku) yo sakngertiku onok loro iku, lek bengi. Sing siji ndek daerah Pancoran mau, dadi lek soko Pancoran kanan jalan, mesti muter dhisik, onok tendo-tendo daerah permanganan sing ndek Pancoran. Macem-macem se, onok panganan laut, sego goreng sampe panganan Jepun. Sing sijine, lek pas ndek daerah Bekasi, ndek sebrange Hotel Horison. Dadine neng dalan Kalimalange, pas sakdurunge Hero. Yo soko Lamongan, tapi aku gak sempet nyathet jenenge. Lek ndek Pancoran iku menune macem-macem, onok Tahu Campur, Tahu Tek, Tahu Telor, terus onok maneh rujak cingur. Regane bervariasi antarane 4000 sampe 6000. Sing ndek Bekasi gak onok rujak cingure, regane podho.

Lek awan, biasae golek nakam Jawa Timuran langganan iku yo ndek daerah Jalan Wahid Hasyim sing ke arah Cikini. Onok ndek kiri dalan (lek soko Jalan Sabang) iku jenenge SURABAYA ngono lek gak salah. Pas ngarepe Hotel Paragon. Lha lek ndek kono rodok larang thithik regane, tapi rasane terkenal meh podho mbek asline, terutama rujak cingure.

Sing ojok sampe lali lek ngomongne panganan JawaTimuran yo mesti ae Pecel. Lek Pecel sing prasaku rasane mirip mbek asline iku Pecel ndek daerah Kalibata. Pas ndek enggok-enggokan nang arah Kalibata lek soko Pancoran, iku onok daerah permanganan ngono. Lha neng pojok paling ujung, iku onok Pecel Madiun. Terus ngombene es beras kencur. Lek roso yo meh podho mbek pecel Madiun. Masalahe pecel dhewe iku ndek Jawa Timur lak muacem-macem-a rasane, prasaku tiap daerah bedo-bedo..

Sakmono ae dhisik, mugo-mugo onok manfaate kanggo sing arep kangen-kangenan karo panganan Jawa Timuran. Liyo wektu tak sambung maneh lek ketemu onok panganan Jawa Timuran. O iyo, lek prakanca podo duwe langganan panganan Jawa Timuran, yo monggo lho dibagi, sopo ngerti iso dadi langganan anyar. Matur suwun.

Friday, January 27, 2006

Nulis Jowo: Gampang2 Angel

Tibane gak gampang yo nulis nggawe boso jowo iku? Meskipun bendino ngomongku yo nggawe boso jowo. Mikir ae yo sik nggawe boso jowo kok. Gak mesti boso ngoko se meskipun logatku medhok-suroboyoan. Kadang yo rodo alus, sepisan maneh, RODO alus, lek karo sing luwih tuwek --kecuali lek sing luwih tuwek mau gak gelem dialusi.

Sing gampang diomongno ternyata iso gak jelas lek ditulis. Durung maneh lek onok perbedaan arti sebuah istilah utowo perbedaan istilah gawe nyebut sesuatu. Lali aku lek sampean kongkon nyebut contone opo, tapi sampean ngerti lah maksudku :) Gak usah adoh-adoh ANGEL lek diwoco selain wong jowo. Sesama wong jowo pun, opo lebih khusus, sesama wong jowo timur pun iso-iso yo mercing-mercing moco tulisan iki :D Gak popo wes, sing penting iso ngerameni internet.

NB: NB boso jowone opo yo? :))
NB maneh: Untunge nulise gak perlu nggawe aksoro jowo sing kruwel-kruwel iku #:-S

Daftar istilah:
* bendino: saben dino
* angel: susah
* mercing-mercing: opo yo? yo mercing-mercing :D

Rujakan Cingurmu

Rujak cingur iku panganane wong Jawa Timur. Aseli. Eh, mbuh asli mbuh gak se. Sing jelas, prasaku sing sering tak temoni lek rujak cingur iku yo akeh-akehe ndik Jawa Timur. Biasae digae mangan awan. Kanggone wong sing gak biasa mangan petis, rujak cingur yo rasane gak karu-karuan. Bojoku sing wong Jawa Barat lek ngarani ngene : "Kok onok yo nanas dicampur mbek petis, timun, terus dikek'i cingur. Mbayangne cingure sapi dipangan ae wis eneg". Yo mesti ae ngomonge nggae boso Indonesia, tak terjemahne. Tapi iku biyen se, saiki yo wis rodok seneng, masiyo lek ndelok rupane mbleketheg ngono kadang-kadang jare yo gak tego mangane.

Onok maneh cingur. Ndik Jawa Timur iku lek onok wong ngomong "cingurmu" iku maksude ngelokno wong sing cangkeme ngomong-e gak bener. Isok ae kelincipen, misale. Tingkatane yo meh podo kasare karo cangkemmu, tapi lek cingurmu iku biasae digae guyon. Lha cingur iku dewe lak gusine sapi tah lek gak salah. Mbuh bek-bek-e arek-arek isok mbenerne lek salah.

Lha lek rujakan cingurmu iku maknane yo yok opo lek awake dewe rujakan cingur sampeyan ?. Harfiahe ngono, tapi lek di karang-karang yo isok ae dadine rujakan cangkem, rujakan omongan ngono. Jenenge ae di karang-karang mestine yo di uthak-athik cek-ne gathuk. Karepe sakjane ngono mek arep nggae blog sing isine blekethekan koyok rujak cingur ngono. Lek didelok thok pancene koyo nggilani, tapi sakwise dirasa-rasakne yo luwih nggilani :). Lha isine, yo koyok cingur sing kelincipen iku mau..

Yo wis, disekecakake.. Mbok menowo onok sing katene dadi kontributor yo monggo ae, wong mandhak gratisan ae, pokoke isine ditanggung dewe-dewe lak gak popo tah ?